Pengalaman yaiku kedadeyan-kedadeyan apa wae sing wis tau dialami dening sawijining wong tumanem ing ati, dadi pengeling-eling tumrap wong sing ngalami.
Pengalaman sing dialami dening saben wong lumrahe beda-beda siji lan sijine, kahanan kaya mangkono iku diarani pengalami pribadi.
Wujude pengalaman iku warna-warna, kayata:
Pengalaman seneng, yaiku pengalaman kang gawe bungah atine wong kang ngalami.
Pengalaman lucu, yaiku pengalaman kang gawe guyu tumrap wong kang ngalami
Pengalaman susah, yaiku pengalaman kang gawe susahing ati tumrap wong sing ngalami.